Tag Archive | brebesan

Maring Kampung

sing Pantura maring selatanSebenere nyong ora niat pisan arep balik maring kampung wingi, soale ya nembe pirang dina ning jakarta angger ora salah nembe limang dina nyonge. tapi njero atiku kon balik bae rasa kangen karo bocahe nyong sing nembe telung setengah tahun. Ora kayak biasane nyong numpak Travel tapi bengi kuwe nyong pengin njajal maning numpak bis sing dadi andalane wonge dewek. Dwi sri bis sing terkenal ning daerah Brebes, Tegal, Purwokerto karo liane dadi tunggangane inyong balik maring Salem. Jam ‘nem saking kontrakan numpak angkot maring terminal pasarminggu tempat bis dwi sri ngetem nengkana, anjog kana jam pitu terus tuku tiket karo agene maune pengin numpak sing ana asene tapi jebule ora ana ya wis akhire numpak sing biasa bae bis ekonomi jurusan jakarta purwokerto lewat brebes, tegal, slawi, bumiayu…. sa wise tuku tiket inyonge langsung munggah ning duwur ( maksude inyong manjing ning bis ora maring duwure bis kaya kuwe…). mambu karo rasane kayong wis ning daerah pantura (jare wong sing keren tah Atmospire wis tekan pantura) soale ya weruh dewek lah omongane penumpang wis rame ndopok karo udud ya sing arane arep balik kampung saking jakarta ndopoke ya sekitar pengalaman dewek.nyong olih tempate neng bangku loro ya karo wong wadon gawak anake sing arep balik maring pekalongan kebeneran bise sing arep maring pekalongan penumpange stitik dadi ya di sijikena bae karo agene. ora nganti suwe ya jam wolunan ndean bise mangkat, hawa sumuk sing arep mau tak krasakena madan enak sa wise bis mlaku ( kayong beraaatt… loken bis mlaku ya ora pantes bis kuwe dalan apa ngglundung iya ra…), angin sing mau meneng ya melu manjing njero ngupai sing kesumuken, bocahe sing sebangku karo inyong be ora rewel maning, angine adem karo bisa ndeleng2 kendaraan sing neng jaba pada mlaku ya weruh dewek lah cah cilik tah senenge karo mobil apamaning karo truk tronton pokoke karo kol sing gede2 senenge puuool.Ora usah di ceritakena ning dalane ( di sensor karo cah pasarbatang sing saiki umahe ning pebatan sa wise olih bojo wong pesanggrahan wetan, ora olih soale mbokan ana sing ora seneng karo ceritane, dudu ceritane saru sung inyong ora goroh tapi ya angger di ceritakena ya dawa nemen ya ngetike pegel ). Bis dwi sri sing di tumpaki inyong anjog rumah makan biasane dwi sri mandeg ngaso, ya sing arep mangan, nguyuh, apa jajan liane ningkene tempate soale bis ora mandeg maning. inyong tah ora mangan soale ya ora kepengin sih mung tuku nginuman sing jarene nggo ganti ion tubuh mbuh bener apa ora kowe tah jare iklan neng tipi. oh iya karo tuku obat anti mabok antimo pas kemutan mau neng jalan si mbak2 sing sebangku njaluk antimo deweke wis mual ndean kebeneran langka sing gawa, ya inyong tuku bae loro bokan perlu nggo wong sing mau.Ora pati suwe penumpang wis kongkon manjing bis maning soale arep mangkat maning, wis lengkap kiye jare si kondektur ngomong banter, ya….. pada nyaut penumpang sing ning mburi. trus ana petugas sing ngecek sa wis kuwe ana sing numpak maning wong wadon ‘nom nggawa kotak peralatan Karoke, oooo kiye sing di arane seniman dalanan sing biasa ngamen ning jero bis. bis metu sing rumah makan langsung tanceb ora kalah artis wadon mau langsung nyetel tipe lagune tah biasa irama pantura ya angger ora tarling ya campursari lah…Syair2 sing nganggo basa daerah cirebonan langsung metu saka salon ireng suarane kenceng ehone kerasa kadang ning sela sela lagu si penyanyi ora sungkan2 nggoda para penumpang bis ya nganggo basa guyonan inyonge mung mesem mesem jebule nggolet duit kuwe macem2 carane. ya wis sing penting halal ora ngerugikena wong sejen apamaning kiye sing ngibur yaa.. angger ana sing ora seneng ya paling siji loro lah. telung lagu wes di ‘tokena ya biasa kari njaluk seiklase bae para penumpang, mulai sing ngarepan unggal penumpang di papay siji siji ana sing wein ya ana uga sing ora. Ngantuk sing mau ora sida soale ana hiburan pentas penyanyi jalanan saiki teka maning, plang kantor sing ning ana neng lohbener kae sing tak ndeleng terakhir sa wise inyong keturuan ora kuat nahan kantuk. tangi pisan ning daerah pejagan soale keneke ngomong banter ngelingena penumpang sing arep mudun neng daerah pejagan brebes, bis mandeg maring pinggir ana keluarga sing arep mudun karo gawa kerdus akeh kayonge tah biasa oleh oleh nggo neng kampung.kota maring kota tak lewati sampe anjog neng terminal Bumiayu penumpange mung kari setitik ana kira2 ya 9 wong aku mudun neng terminal bumiayu dewekan langka maning seh, ndean pada maring purwokerto kabeh sisane. jam 06 esuk inyong teka bumiayu udan sing mau bengi esih netes mung ora gede nggawe teles tok. nyong njagong sedelat neng warung kosong trus mlaku sing terminal maring pasar bumiayu, padahal ana ojeg tapi inyong pengin mlaku mumpung esih esuk seger maning nyambi ngenteni awan, ana perlu ning toko bangunan bumiayu.kencot wetenge langsung sarapan bubur ayam pertelon bumiayu tempat ngetem angkutan sing arep maring salem atawa bantarkawung. ek kamana mang??? jare wong lanang madan tua kayonge arep ngejak balik maring salem, tak jawab bae ah ngke mang kuring mah masih aya perlu, ngabeubeurang paling ge kuring mah wangsulna. kaya kuwe ceritane

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.